Tieta itoe Titut On Selasa, 25 Mei 2010

Kulo badhe nyariosake cariyos pengalam kula, yaiku :

Mriksani Take Me Out Indonesia

Dinten Minggu tabuh sanga dalu kula mersani Take Me Out Indonesia. Take Me Out Indonesia iku adicara ing Indosiar inkang pranata acarane Choky Sitohang lan Yuanita Kristiani. Take Me Out iku adicara ingkang pados jodh. Wonten tigang doso estri ingkang piyambak utawa basa kerene "single" lan "jomblo".
 

Pas iku wonten kakung ingkang yuswane tigang doso taun lan kersa pados jodho ing Take Me Out Indonesia ingkang damele chef utawa koki. Ing ronde setunggal iku tigang doso estri biku majahi lampu sedanten, amarga kakunge iku awon banget kados Narji pasuryane lan kakunge iku mboten angsal jodho.

Terus wonten kakung liyane kang yuswane selangkung taun, mboten awon banget, damele Bussines Center, lan kersa pados jodho ing Take Me Out Indonesia. Ing ronde setunggal nganti tiga kasil. Ing ronde pitakonan wonten tiga estri kang tasih ngurupake lampu. Sesampunipun maringi pitakonan lan sampun di wangsuli kalih tiga estri iku, kakunge iku mejahi setunggal lampu ingkang setunggal estri iku mboten kapilih.

Wonten kalih estri ingkang tasih ngurupake lampu, kakunge iku maringi pitakonan maneh. Sakwise maringi pitakonan lan sampun di wangsuli kaliyan kalih estri iku, kakunge iku mejahi lampu setunggal estri ingkang mboten kapilih. Sakteruse lampu ingkang mboten di pejah iku dadi pasangane kakunge iku.
 

Eh.... mboten kraos sampun tabuh sedoso dalu, amarga aku enget benjang sekolah, kula mejahi TV lan langsung tilem.
Iku cariyos pengalaman kula ingkang irah-irahane Mriksani Take Me Out Indonesia.

Readmore »»  

Powered By Blogger